Sugeng Rawuh

Rabu, 27 Mei 2009

Lahire Gusti Nabi

Rama Gusti Nabi kang asma Abdullah, yaiku luwih di trisnani dening Abdul Mutholib, ketimbang anak2 liyane. Lan naliko Abdullah umur wolulas tahun banjur di kawinake oleh Siti Amiinah binti Wahbin. Ora nganti suwi banjur Abdullah sedo ing Negara Madinah. Lan Gusti Nabi isih ono ing madharane ibune. Dening lahire Gusti Nabi iyo iku ono ing tanah Makkah, naliko fajar subuh dino Senin tanggal rolas sasi maulud (rabi’ul awal) tahun Gajah. Cocok tanggal rong puluh sasi april tahun limangatus pitungpuluh siji masehi.
Dening kang nyusoni Gusti Nabi iyo iku Gusti Haliimah binti Abi Du’aib Bangsa Sa’di, lan diramut nganti petang tahun. Pas Gusti Nabi umur nem tahun diajak lungo marang Negara Madinah menyang ibune, perlu tile’ dulur2e kang bangsa bani ‘Adiyyiibni Annajjaar. Nanging mulih teko Madinah, bareng teko ing deso Abwa, banjur ibune ninggal. Dadi, nabi umur nem tahun wis ora duwe Rama lan Ibu’, mulane banjur diramut dening embahe (Abdul Mutholib) lan embahe iku tresno banget menyang Gusti Nabi. Lan ugo weruh yen Gusti Nabi bakal duwe dhoyo kang gede. Nanging bareng oleh rong tahun banjur embahe wafat, mulane banjur dirumati dening pamane (Abi Tholib) pengrumati pamane iku mahu temen banget, nganti ngungguli menyang anak-e dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar